CONTOH BERITA ACARA PENETAPAN KURIKULUM SEKOLAH
KOP SEKOLAH BERITA ACARA PENINJAUAN KURIKULUM TAHUN ................... Pada hari ...................... tanggal ................ tahun ................... , bertempat di Ruang Pertemuan ....................... ,Alamat: .............................. telah dilakukan sosialisasi Kurikulum, tahun pelajaran ................... yang di hadiri oleh lima pendidik dan satu tenaga administrasi dan pengelola taman kanak-kanak yang menghasilkan penetapan tentang kurikulum yang dilaksanakan di TK .......................... mengacu pada Kurikulum 2013 PAUD. KepalaSekolah : .............................. Pendidik : 1 2 3 4 Demikian Berita Acara dibuat untuk dipergunakan seperlunya. Dibuat di ...
Pitik
BalasHapusAku duwe pitik
Pitikku pitu
Wulune brintik
Katon lucu
Aku duwe pitik
Pitikku pitik walik
Cacahe pitu
Kabeh lucu
Menthok
Ana menthok ing omahku
Cacahe telu
Lemu – lemu
Gawe seneng atiku
Menthok telu ing omahku
Lemu –lemu
Seneng atiku
Megal – megol gawe guyu
Sapi
Pak tani duwe sapi
Sapine ing njero kandhang
Bengak bengok ngawe kadhang
Ngundang rewang diajak nembang
Sapi kagungane pak tani
Marahi ora sepi
Bengak bengok ngawe kadang
Tetembangan ing wayah awa
Jago
Jago kluruk
Wayah esuk
Nangekake aku
Senadyan isih ngantuk
Jago kluruk
Aku isih ngantuk
Deklak dekluk
Jebul wis esuk
Wedhus
Wedhus
Wuwus
Muga kowe krungu
Aku duwe sungu
Jago celathu
Kuwi sunguku
Ndang balekno
Aja cidra
Wedhus
Wuuws
Suk emben yo
Aku ora cidra
Kupu
Kupu
Rupamu ayu
Wulumu
Alus kaya bludru
Kupu
Rupamu
Ayu
Aku seneng sliramu
Gelema dadi kancaku
Ajaken aku mabur
Mrana , mrene,mriku
Nembang lan ngguyu
Kodhok
Kodhok
Mlakune ndondok
Mogok-mogok
Tilang tilong ora mbengok
Kodhok
Mlakune ndodok
Mogok –mogok
Katon elok
Gembiraloka
Ing gembiraloka
Atiku rena
Dolan ing kana
Akeh kewan mawarna
Atiku rena
Dolan ing kana
Sawerna kewan
Kabeh
Simbah
Aku sowan simbah
Simbah lenggah
Aku matur
Simbah paring pitutur
Dadia bocah taberi
Tewekel ngudi ngelmi
Putra putri
Tresna marang negari
Ibu
Ibu
Kang nggula wenthah aku
Ibu
Tresna satuhu
Ibu
Mbombong aku
Yen pinuju
Goreh atiku
Bapa
Bapa
Tewekel makarya
Ngupaya boga
Kanggo keluwarga
Bapa
Tewekel makarya
Sedina –dina
Merga tresna
Marang keluwarga
Adhiku
Adhiku
Lucu
Ngguya ngguyu
Mrana mrene ajar mlaku
Adhiku
Lucu
Mrana mrene mlaku
Karo ngguya ngguyu
Dokar
Aku numpak dokar
Jarane negar
Katon bigar
Playune lancar
Dokar
Lan jaran negar
Mlayune lancar
Atiku bingar
Becak
Ing kutha
Akeh becak
Numpak becak
Mubeng kutha
Mubeng kutha
Numpak becak
Mlakune rancak
Ati gembira
Sepedha
Sepedha
Aku duwe sepedha
Bebungah saka simbah
Merga aku munggah
Sepedhaku saka simbah
Atiku bungah
Merga aku munggah
Diparingi sepedha simbah
Montor mabur
Montor mabur
Mabur dhuwur
Aku ndonga
Bisa nyopir montor mabur
Montor mabur
Mabur dhuwur
Dadhi sopir montor mabur
Pengangen angen kang luhur
Ibu guru
Ibu guru
Ibu guru ayu
Sumeh lan lucu
Ibu guru
Ayu
Pinter nembang
Lelagon senenganku
Dokter
Dokter iku pinter
Paring usada
Paring tuladha
Dokter iku pinter
Ora dora
Tetulung ing pepadha
Indonesia
Indonesia
Ingkene aku ana
Urip lan makarya
Indonesia
Ing kene aku ana
Setya salaminya
Indonesia
Ing kene aku ana
Tetep ngupaya
Indonesia jaya salaminya
Pesisir
Pesisir
Akeh pasir
Mlaku ing pesisir
Tentrem tan kuatir
Pesisir
Akeh pasir
Plesir ing pesisir
Tentrem tan kuatir
Desa aman
Desaku aman
Tentrem lan nyaman
Desaku aman
Wargane nyaman
Desaku aman
Subur
Makmur
Kabeh warga muji syukur
Pegunungan
Hawane adem
Ayem
Tentrem
Hawane adem
Wargane ayem
Suasana tentrem
Makarya lan sumanggem
Kutha
Ing kutha
Akeh mawarna
Tetumpakan ana
Warung,toko sarwa ana
Ing kutha
Bisa golek boga
Pawiyatan uga
Nambah ngelmu ngupaya ing kutha
Sekolah
Aku seneng sekolah
Atiku bungah
Bareng kanca
Ngudi ilmu kang berkah
Pasar
Pasar
Papan dol tinuku
Maneka panganan
Klambi
Dolanan
Sayuran
Kebutuhan pangan
Cumepak ing kana
Cakruk
Cakruk
Papan mathuk
Kumpuling warga
Njaga ndesa
Cakruk
Papan kang mathuk
Kumpuling warga
Rembug desa
Cakruk
Papan kang mathuk
Kumpuling warga
Saiyeg saeka praya
Dolan
Ayo kanca padha dolan
Dolan ing plataran
Bengi iki padhang mbulan
Padhange kaya awan
Ayo kanca padha dolan
Ora perlu sungkan
Bengi iki padhang mbulan
Padhange kaya awan